24. Kabeh sesaji kurban iku Ingsun ingkang nampani lan nikmati.
Nanging jalaran wong-wong kang padha caos sesaji kurban iku, ora ngerti
marang kodrat Ingsun kang Sejati, lumantar sesaji kurban mau, dheweke
ora bisa cedhak karo Ingsun.
25. Kang memundhi para dewa minangka sesembahane, parane marang para dewa; kang memundi arwahe para leluhur, parane marang para leluhur; kang memundi brahala, parane ya marang brahala, nanging kang memundhi sarta sesaji kurban marang Ingsun, parane ya marang Ingsun.
26. Sapa kang caos sesaji godhong, kembang, woh-wohan, apa banyu satetes wae, kanthi rasa bekti lan sungkem, pangurbanane mesthi Manira tampa.
27. Panggawe apa wae kang sira lakoni, apa wae kang dadi panganira kang sira dadekake sesaji kurban, utawa apa wae kang sira danakake marang kang papa, utawa tapa apa wae kang sira tindakake, kabeh mau, lakonana mingaka sesaji kurban utawa ibadah marang Manira, yaiku pengabdian ingkang tanpa pamrih, mung dhedhasar tresna bekti.
28. Pranyata, sapa kang nyaosake sakeh uwohe panggawe, ala utawa becik, marang Manira minangka sesaji kurban, mesthi bakal luwar saka sakehe reribet. Eklas ing donya lan akerat, bab uwohe sakeh panggawene, batine mesthi anteng jenjem lan luwar saka sakehe bebandan. Jiwa kang wus merdika iku mesthi tumeka ing ayunan Manira.
29. Marang sawiji-wiji titah iku Ingsun ora pilih asih. Ora ana kang Manira istimewakake, ora ana ingkang Manira gethingi. Manira ora emban cendhe emban siladan. Sapa wae kang memundhi marang Manira, iku nyedhaki Manira, lan Manira uga nyedaki dheweke.
Males Baca? 25. Kang memundhi para dewa minangka sesembahane, parane marang para dewa; kang memundi arwahe para leluhur, parane marang para leluhur; kang memundi brahala, parane ya marang brahala, nanging kang memundhi sarta sesaji kurban marang Ingsun, parane ya marang Ingsun.
26. Sapa kang caos sesaji godhong, kembang, woh-wohan, apa banyu satetes wae, kanthi rasa bekti lan sungkem, pangurbanane mesthi Manira tampa.
27. Panggawe apa wae kang sira lakoni, apa wae kang dadi panganira kang sira dadekake sesaji kurban, utawa apa wae kang sira danakake marang kang papa, utawa tapa apa wae kang sira tindakake, kabeh mau, lakonana mingaka sesaji kurban utawa ibadah marang Manira, yaiku pengabdian ingkang tanpa pamrih, mung dhedhasar tresna bekti.
28. Pranyata, sapa kang nyaosake sakeh uwohe panggawe, ala utawa becik, marang Manira minangka sesaji kurban, mesthi bakal luwar saka sakehe reribet. Eklas ing donya lan akerat, bab uwohe sakeh panggawene, batine mesthi anteng jenjem lan luwar saka sakehe bebandan. Jiwa kang wus merdika iku mesthi tumeka ing ayunan Manira.
29. Marang sawiji-wiji titah iku Ingsun ora pilih asih. Ora ana kang Manira istimewakake, ora ana ingkang Manira gethingi. Manira ora emban cendhe emban siladan. Sapa wae kang memundhi marang Manira, iku nyedhaki Manira, lan Manira uga nyedaki dheweke.
0 komentar:
Posting Komentar
Berkomentar yang santun yaa..